Historiesnet

Sebuah Pencarian Sejarah

Minggu, 09 Oktober 2016

Surat dari janda Bupati Pati Mangkukoesoemo kepada Tuan Veckens, sekretaris Gub Jend. Daendels

Sumber : S. Margana

terjemahan oleh S. Margana :

Atur tabe kawula ingkang akathah-kathah Rahaden Ayu Tuměnggung Mangkukusuma, měnggah ing paněgari dalěm ing Pathi Kaneman, kaatur Kangjěng Tuwan, Hendrik Pikěněs, Riděr saha Suketaris Jendral, ingkang wontěn ing dalěm kitha agěng ing nagari Sěmawis.
Ing sasampunipun kaatur tabe kawula ingkang akathah-kathah ing bawah kaos miyosipun Kangjěng Tuwan. Sangking kamipurun-purun kawula, anyaosakěn pějah gěsang, ing panjěněngan sampeyan. Ingkang batěn langkung ingkang mugi andadosakěn sangking lěganipun ing galih sampeyan.

Sarehning ing mangke laki kawula pun Tuměnggung Mangkukusuma, sampun pějah, ingkang punika batěn langkung kawula anuhun sangking sih pitulung sampeyan asaos unjuk amisuhunakěn dhatěng anak kawula pun Suryakusuma, ing gusti kawula Kangjěng Raja, ingkang supados anak kawula ang(…)ntosan , měnggah satilas lalampahan kabupatenipun laki kawula, bapakipun ingkang sampun pějah,

mila kawula kumapurun agadhah atur sapunika, ing panjěněngan sampeyan, sab(…) dening kala ingkang wau maksih gěsangipun laki kawula, igih sampun asaos unjuk kalayan gusti kawula Kangjěng Raja, kenginga měnggah kabupatenipun kagěntosakěn dhatěng anakipun pun Suryakusuma, amargi piyambakipun sampun sěpuh.

Mila dhatěng asangět-sangět ěnggen kawu(…) amisuhunakěn dhatěng wau anak kawula pun Suryakusuma punika, saliya sangking panjěněngan sampeyan, ingkang mriyagi kawula Dhimpoki, sarehning kala rumiyin sampeyan sampun aparing jaji , kala maksih gěsangipun laki kawula, ingkang punika panuhun kawula ing sampeyan, dhatěng asangět-sangět ěnggen kawula ajěng-ajěng sangking sih wilasa sampeyan, ingkang amugi-mugi anglulusakěn kadi dening sadhawahipun pangandika sampeyan ingkang sampun dipunpanggih dhatěng laki kawula ingkang sampun pějah punika

Keterangan :
Dalam surat tersebut di atas Raden Ayu Mangkukusumo janda Bupati Pati Kaneman, meminta supaya putranya Raden Suryakusuma dapat menggantikan ayahnya yg sudah meninggal seperti yang telah dijanjikan sebelumnya saat Mangkukusumo masih hidup.(S. Margana)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar